• Majalahutusan.com

Romo Sindhu: "Urip Iki Urut"

Nalika 19 Maret 2018, ing Padhepokan Seni Bagong Kussudiardja, Tirtomartani, Bantul, Ngayogyakarta, ana acara umbul donga kanggo memule patang puluh dinane Gareng Rakasiwi kapundhut ing Gusti. Gareng pancen pelawak kondhang. Mula akeh tamu undangan, luwih-luwih seniman, sing padha ngrawuhi acara iku. Ing kalodhangan iku, pelawak Wisben diaturi maringi pengandikan. Wisben pancen kekancan raket karo Gareng. Bareng karo Joned, Wisben lan Gareng dadi siji ngedegake grup lawak cengkok Mataraman, sing dijenengi Triogam.

Kauninga,Gareng kapundhut Gusti dumadakan. Ora ana sing darbe pangira, menawa Gareng kudu bali ing alam kalanggengan, nalika umure isih 50 taun. lsih enom, kaya-kaya isih durung wektune kudu nilarake donya iki.Wisben nyritakake, ing dina-dina ngadhepake jengkare, Gareng katon ora semangat banget nalikane diundang manggung nglawak. Malah nalika dijak ngrembug acara tanggap warsane Trigam, Gareng mangsuli,"Mbok ora usah nglawak, nanggap ludruk wae, awake dhewe mung kari nonton."


Nalika ditanggap manggung ing Jakarta, Gareng dumadakan ngilang, kamangka wis wayahe dheweke munggah panggung. Jebul, Gareng ndlesep ing antarane pamirsa. Gareng sida manggung, banjur nyekel gitar karo lelagon. Ujare Wisben, wektu iku apik banget anggone Gareng ngaturi pasugatan. Gareng methik gitare dikantheni rasa, lan rinasa metu saka atine. Nanging, krungu pangalembana mengkono, Gareng malah mangsuli, "Tanganku adhem, adhem tenan rasane."Wangsulan sing sejatine cengkah karo apike anggone methik gitar. Apa ya nalika kuwi Gareng wiwit krasa menawa adheme pati wis alon-alon nyedhaki uripe?


Bubar pentas, kaya wis dadi adate, Gareng mung nganggo kaos oblong, lan kathoke koloran. Sebabe Gareng babar pisan ora seneng yen kudu nguculi sabuk, nalikane diperiksa keamanan ing bandhara sadurunge numpak montor mabur. Aluwung kathok koloran, tinimbang dikon cucul sabuk. Bubar dicek, Gareng ditawani, apa arep dhahar. Gareng ora gelem. Ndilalah, montor mabure telat, budhale kepeksa diundur. Gareng trima nyantap roti lan jajan sing ana ing dhus-dhusan. Kamangka sejatine dheweke kudu nyirik panganan sing legi-legi, amarga duwe lara gula.


Ing pengetan umbuldonga iku, Wisben uga ngaturake, menawa Gareng iku kerep kandha, "Urip iki sajane mung urut." Urut ing samubarang kalir. Uga urut ing umur. Lan pungkasane, urut ing pati. Siji baka siji bakal jengkar. Saiki apa mengko, aku ora bisa nenulak, yen urutanku wis teka. Lan mungguhi pati, urutan iku ora bisa diurute miturut cendhak dawane umur, utawa enom tuwane yuswa.Yen urutanku teka,enome kaya apa, yen aku kudu budhal nilarke donya iki.


Wengi iku, mengkene bacute critane Wisben. Gareng nilpun, apa kowe wis mapan turu. Pancen, wis dadi padatan, Gareng saben bengi nilpuni Wisben. Wektu iku, kaping pindho anggone Gareng nilpun. Jam 3.00 esuk,tilpune Wisben muni. Wisben ngira, Gareng lagi mbebeda iseng. Nanging sing keprungu kok malah jerit tangise garwane Gareng, ngabarake, menawa Gareng tilar, kapundhut Gusti. Wisben Iungkrah lan lemes, babar pisan ora ngira menawa Gareng kudu nampa urutane kanthi sapandurat cepete.


Gareng ora kleru. Urip iki pancen mung urut. Numpak montor ing ndalan ya urut. Yen ora urut, ya mesti tabrakan. Antri tuku bensin, ya urut.Yen ora urut, ya mung salang tunjang. Arep mbayar tiket ing loket, ya urut. Ora urut, petugase ya mesti mung kuwalahan. Arep oleh jatah beras, ya mesthi urut. Ora urut, ya bakal morat-marir, tundhone durung karuan entuk bageyan. Malah tampa komuni wau ya mesthi urut.


Coba yen ora urut, gereja bakal dadi kaya pasar, umat padha surung-surungan, dhesek-dhesekan, lan swasana sing kudune sakral dadi ambyar. Lan pungkasane, mungguhing pati, paling kawistara yen urip iku urut. Siji mbaka siji mung kari ngenteni, kapan tumekaning patine.Yen urutane teka, dikaya ngapa kuwate, suci lan digdayane menungsa, dheweke mesthi bakal palastra. Kapan pesthine, iku mung keri gumantung ing urutane. Mungguhing urutaning pati iki mung Gusti kang mangertosi.


Ing wewaton "urip iki urut" sejatine sumimpen apa kang diwedharake dening Kitab Suci: "kabeh iku ana mektune, Ian saben barang ana mangsane ing sangisoring langit" (Qoh 3:1). Sabda iki ora negesake, menawa menungsa kepareng asikep leleh luwih. "Wis ya ben ngene wae, wong ya mung kari urut ngenteni wektune". Ora, mengkono! Sing dikersakake dening sabda mau malah kosok baline: Manungsa kudu nyikep uripe sing saiki iki kanthi teges lan sukur. Lire, saiki aku urip, Lan uripku sing saiki ngemu teges, mula kudu daktegesi. daklakoni kanthi gumbira, sokur lan permati, ora kok malah daksiya-siya kaya barang sing bakal muspra.


Aku ana ing urip sing saiki iki. Lan uripku sing saiki iki becik lan endah, awit iku peparing Dalem Gusti piyambak. Yen sing saiki ora daksikepi kanthi teges lan sokur, durung karuan sing mengko arep teka bakal luwih apik lan elok. Awit, kabeh iki ana wektune. Mumpung urip, ya diuripke. Aja kok malah waton urip, wong mengko ya bakal mati. Pancen bener, urip iki mung urut. Nanging yen cekelanku sabdaning Kitab,"kabeh iku ana wektune", urip ya kudu ditampa minangka wektune urip, dudu ditampa minangka wektu sing mung kari arep-arep mati.


UTUSAN No. 05 Tahun Ke-68, Mei 2018

Gambar via Google

136 tampilan
Layanan Pelanggan

Redaksi

Ada pertanyaan? Hubungi kami di live chat.

Pengiriman
Pembayaran