• Majalahutusan.com

Wungkus

Bungkus utawa wungkus iku perkara sing wigati. Murih ora kena reged, panganan utawa jajanan kudu diwungkus. Semono uga barang. Murih katon asri lan mranani tumraping liyan, barang iki kudu diwungkus. Mungguhing jajanan utawa panganan, mbiyen lumrahe sing digawe bungkus ya mung godhong. Tempe, jadah, yen dibungkus godhong, rasane nyamleng. Semono uga bab panganan, upamane sega gudheg utawa sega rames. Yen ngenani barang-barang, amrih katon rapi, bungkuse kertas koran, sokur manawa ana kertas sing mirunggan.


Saiki, bungkus iku ora mung godhong, kertas koran utawa kerdhus. Bungkus werna- werna akehe. Digawe model-model njlimet banget. Bakale ya werna-werna. Plastik, sintetis, keramik lan sapiturute. Disawang saka njaba, dadi katon apik. Wang sing nyawang, bisa kapencut ing bungkus, ora preduli apa isine.


Sejatine bungkus iku ya mung bungkus. Dibungkus godhong utawa kotak kerdhus, sega gudheg tetep sega gudheg. Lamun enak, sega gudheg iku ya enak, sanadyan mung dibungkus godhong. Kosok baline, yen pancen ora enak, dibungkusa nganggo kothak apik kaya apa wae, sega gudheg iku ya panggah ora enak. Mula, sing wigati, iku isine dudu wungkuse. Nanging saiki nyatane, wong luwih nengenake wungkus tinimbang isi. Werna-werna jajan diwenehi bungkus sing banget apike. Jajan mau dadi larang regane. Mending yen jajane pancen enak. Yen ora enak, sing tuku tundhone ya mung nggedumel, ngretia mau ora tuku wae.


Saiki pancen jamane wang kasemu ing wungkus. Apa-apa wae kudu diwenehi wungkus sing apik. Yen ora diwungkus kanthi apik, kadho dadi kurang aji. Sing lagi nggedabyah ngedab-edabi, undangan penganten. Ditulis ing kartan kandel, dicetak kliwat apik, diriasi pemak-pernik warna- werni, dadi katon larang, mewah lan "wah". Apa ya kudu mengkana? Nanging kepriye maneh? Iki wis dadi lumrah. Nganti wong sing ora duwe, ya kudu meksa nganak- anakke wungkus sing sejatine ora wigati iku. Yen ora, mengko wirang utawa rumangsa diisin-isin dening wang ing kiwa tengene.


lku kabeh sing gegayutan karo barang utawa panganan. Luwih nggegilani, perkara wungkus sing gegayutan karo manungsa utawa urip. Macak awak lan ndandani rupa dadi nomer siji. Prabot omah kudu larang, kudu duwe mobil sanadyan kudu utang, iku mau kabeh kudu diduweni, murih dhiri iki kajen keringan. Urip rinasa kurang, yen barang-barang mau durung diduweni. Wong dadi mesu dhiri ngoyak wungkuse urip, kajiret ing pangupadi nguri-uri lan ngrumat apa sing sejatine mung njaban. Lali utawa nglirwakake, menawa urip batine, nyawa lan karahanane, inten barliyan sing ana ing njero pribadine iku luwihing luwih wigati tinimbang sakabehing wungkus njaban mau.


Wong sing kejegur ing wungkus, ora bakal tentrem atine. Awit, ngoyak apike wungkusiku ora ana watese. Wis duwe omah apik, isih nepsu kepengin duwe sing luwih apik. Mobil siji sejatine wis cukup, kudu duwe siji maneh. Arep ora macak, isin, aja-aja mengko katon ora ayu sulistya ing warna. Kamangka kanggo macak iku ya kudu ragad. Kamurkaning urip ing wungkus iki saya dina saya ndadra. Lan nglengkara, nepsuning kamurkan mau bisa kabeh kasembadan. Tundhone, wong dadi mupus lan nglokro uripe. Pancen, ngudi wungkus dadi sing utama iku ora jumbuh karo sejatine urip. Awit, katentremane uripiku dununge ora ana ing njaba, nanging ana ing njero atine manungsa dhewe. Ora ana ing wungkus, nanging ana ing isine sing paling jero.


Gusti Yesus uga wus paring piweling, aja nganti uripku mandheg ing wungkus. Menawa pangudiku mung ngoyak wungkus, mligekake urip njaban, uripku dadi kaya uripe wong Parisi. Pangandika Dalem Gusti, "Lha iya iku kowe wang Parisi. Kowe ngasahi cangkir piring ing jabane, nanging sing ana ing njeromu dhewe kebak kamurkan lan duraka.' Lan kanthi teges tur keras, Gusti anyelathu, 'Wong gendheng! Kang yasa njabaning barang, rak iya yasa sing ana ing njero. Luwih becik simpenanmu ing njero wenehna minangka dana, lan kabeh bakal resik.' Luk.11:40-41).


Urip ing wungkus iku pancen nggegilani. Akeh manungsa sing keblebet ing wungkus dadi murka, serakah, tan eling marang pepadhane. Wong iku sejatine wis kelangan rasa ing pepadhane. Rasa asih lan prihatine ora tau kagegulang, pangretene dadi mampet, awir urip dadi ana mung ing njabane. Njerone ora nate karumat, mula ora isi dadi rahmat kanggo pepadhane. Yen aku arep ndherek Gusti, aku kudu wani nguculi wungkus-wungkusing uripku sing ora prelu. Pepindhane, yen aku arep mangan sega wungkus sing enak, wungkus godhonge wae kudu dak buwang, apa maneh wungkus kerduse. Aku kudu tumuju ing poking perkaraku, aku butuh sega, dudu butuh wungkuse. Aku butuh jeroning isi atiku, dudu gebyar busanane lan wungkuse urip njabanku. Ya ing njeroning atiku. Aku bisa nemahi tentreming urip sejati, awit Gusti dumunung ana ing kana: Gusti dumunung ing jero atiku, dudu ana ing wungkus njabaning uripku.

gambar via google images

27 tampilan
Layanan Pelanggan

Redaksi

Ada pertanyaan? Hubungi kami di live chat.

Pengiriman
Pembayaran