Mati Keblebek Dhuwit

December 10, 2016

Keblereng dhuwit. Yaiku jalarane wong-wong padha ngandel lan pasrah bongkokan marang Dimas Kanjeng Taat Pribadi. Dimas Kanjeng iku maha guru ilmu kebatinan, ngesuhi padhepokane ing Desa Wangkal, Kecamatan Gading, Probolinggo.

 

Murid lan pandemene pirang-pirang cacahe, ora kliwat sawetara wong pinter lan sekolahan uga dadi pandhereke. Wong-wong mau ngandel, Dimas Kanjeng pinaringan kabisan nikelake dhuwit yutan dadi milyaran. Ujare wong-wong, pandhereke diwenehi pethi sakuncine, ora nunggu taunan, cukup sewulan, pethi mau bakal dikebaki dhuwit. Nanging pawitane ora gratis. Wong kudu udu utawa pasok dhuwit dhisik, murih pethine ing mengko bisa kebak dhuwit.

 

Pungkasane, pokal gawene Dimas Kanjeng konangan, dheweke ditahan
dadi pesakitan. Pandakwa marang Dimas Kanjeng saya abot, awit tetela dheweke dadi dhalang raja pati, mungkasi uripe Abdul Gani lan Ismail Hidayah. Wong loro kuwi gedibale Dimas Kanjeng. Dipateni, awit konangan arep ngebyakake kalicikan lan durangkarane Dimas Kanjeng.

 

Sawetara perkarane diproses, konangan maneh anane “guru-guru besar” sing ngrewangi pokile Dimas Kanjeng. Guru-guru besar iku mung pocokan. Anggone nemu, saenggon- enggon. Watone, pantes yen dipaesi katon dadi wong tuwa sing pinter. Serbanan, jenggote putih, sanadyan sedina-dinane mung dadi pemulung. Pantes, menawa para guru besar mau ngaji wae ora bisa. Bakune, amarga anane guru-guru besar mau, Dimas Kanjeng saya pinitaya anggone nglakokake pokal gawene.

 

Ewadene, nalika kuwi, wong- wong padha percaya lan sumadya dadi pandhereke.

Mbarengi perkarane Dimas Kanjeng, ora let suwe, kacarita, pulisi Jawa Tengah

kasil mbekuk dhukun sing jarene uga bisa nikelake dhuwit. Dhukun mau isih enom, rambute gondrong, asale saka Dhusun Drono, Selo, Grobogan. Anggone praktek padhukunan mapan ing Desa Banjarjo, Cilacap. Pulisi nemokake barang bukti mawarna-warni sing dianggep mikuwatake pokil padhukunane, kayata kain mori, dupa, balung babi, uyah putih, kayu gaharu, kulit macan, mani gajah, jenglot, menyan lan gambare Nyi Roro Lidul.

 

Miturut palapurane pulisi, dhukun mau wis ngraup dhuwit 30 milyar saka para kurban, cacahe 154. Para kurban mau kudu pasok dhuwit, saben wong rata-rata udu 20 yuta. Wong-wong mau gelem, amarga percaya, yen dhuwite bisa dadi akeh matikel-tikel. Jebule, dhuwit pasokan mau dianggo tuku lemah, omah, lan kasenengane dhukun mau.

 

Ngematake lelakon ing dhuwur iku, ana gunane menawa aku padha takon: Ya gene wong-wong mau gelem lan bisa kapusan dening iming-iming sing sejatine mokal bakal mawujud dadi kanyatan? Yen aku duwe pitakonan mangkono, aku aja banjur rumangsa, kuwi dudu aku, tangeh lamun aku bakal kabujung dening kamokalan iku. Lire, aku kudu eling, menawa manungsa sapa wae gampang banget kablithuk dening panggodha bandha lan dhuwit, awit saben wong iki kadunungan apa kang diarani avaritia. Ing piwulangan Pasamuwan Suci, avaritia kapetung minangka dosa pokok.

 

Avaritia itu tegese kasrakahan, kamurkan, pepenginan mangambra-ambra marang bandha kadonyan. Pujangganing Pasamuwan, Sinuci Thomas Aquinas ngendika, avaritia iku katresnan sing ora trep lan sapantese marang bandha, murugake aku kemelikan, nedya ndarbeni bandha kadonyan sing luwih-luwih ngliwati ukuran.

 

Mula Kitab Suci paring piweling, “Sing seneng dhuwit ora wareg mangan dhuwit, sing seneng sugih, ora turah pametu” (Qoh 5:9). Cethane, manungsa iki ora nate krasa cukup ing barang darbeke. Poking pok, seneng numpuk bandha lan dhuwit iku bakal nyered manungsa marang rerusak lan bilai: “Awit oyoding kabeh piala iku dununge ana ing seneng dhuwit. Nuruti sing mangkene iki ana wong dadi adoh ninggal pangandele lan atine katujah memala warna-warna” (1 Tim 6:10).

 

Sinuci Thomas Aquinas negesake, awit ndarbeni bandha donya maluwih- luwih, wong dadi digampangake anggone nglakoni sakabehing tumindak ala lan dosa. Gandheng karo panggodha kuwi, Kitab Suci ya wis ngelingake, “dhuwit bisa nuku sakabehe” (Qoh 10:19). Lan miturut Thomas Aquinas, yen manungsa kablebek ing bandha, ya mung bandha iku sing dioyak lan dibujung. Satemah, amarga kablebek ing bandha, dheweke bisa nglirwakake Sabda Dalem Gusti. Nyawane dadi mati lemes, amarga wis ora karep kadunungan Sabda Dalem mau. Yaiku perkara sing banget mbebayani, yen manungsa kadunungan rasa srakah tanpa winates.

 

Mula, aku kudu tansah waspada lan ngati-ngati, sejatine sing jenenge “Dimas Kanjeng” iku uga tansah ngancam aku. Awit “Dimas Kanjeng” iku tan liya ya avaritia, kasrakahan sing tansah dumunung ing atiku. Yen kurang gedhe pangati-atiku, aku ya bakal kajlomprong ing sawernaning gugon tuhon sing ngiming-imingi dhuwit lan banda kadonyan marang aku.

 

Nuruti pangiming-iming iku aku bakal kaseret ing tumindak ala, upamane laku culika lan korupsi. Lan ora mokal, aku uga bakal mlayu menyang dhukun sing bisa murugake aku sugih bandha. Mula “Dimas Kanjeng” iku wewarah, murih aku eling lan waspada marang panggodhaning dhuwit lan barang donya.

Share on Facebook
Share on Twitter
Please reload

Rubrik
Please reload

Follow Me
  • Grey Facebook Icon
  • Grey Instagram Icon
Layanan Pelanggan

Redaksi

Ada pertanyaan? Hubungi kami di live chat.

Pengiriman
Pembayaran